Saturday, March 12, 2011

MUNGGAH ALEM

Riko seng wangi maning
seng koyo kembang hang semebyar
saikine langu gandane
mergane riko ilang sarine
mulo riko munggah alem
koyo koyo brai sak dunyo
keronto riko keronto
sun tinggal katon suloyo

isun seng arep maning
metik kembang hang durung mekar
alum njerone tapi koyo apik sawangane

jodoh memang teko hang kuoso
pasti ono lan sun percoyo

Tuesday, March 8, 2011

KELIWAT KANGEN

kangen siro sun gantung nong padhange ulan
kangen siro sun gantung nong akehe lintang
timbang neng ati dadi pikiran
banguro nong duwuran
nawi biso memengan

kangen sun uncalaken nong tengah segoro
ambi deleng-deleng kembange ati
nawi ono reng kono
kadung kecaruk tulung warahen
kok isun mageh demen
mageh ngangen-ngangen

nong tratapane lawang iki sun ngenteni
anane sun ngenteni riko
bengen tau janji seng arep nyulayani
wirange ati angel uliye isun nutupi

TOMBO KANGENE ATI

wayah gage gancang petukaken
agek2 isun wes seng tahan
mendem roso hang aran kangen
kangen-kangen isun keliwat kangen

koyo dene ombak segoro
hang seng gelem menengaken
semono ugo yo atinisun
semono ugo yo atinisun

masiyo tah mung sedelo
riko sambang isun wes lego
paribasane mung sak klerepan
keneng sunduk tombo kangene ati
tombo kangene ati