Friday, March 4, 2011

KEMBANG KERTAS

mekare reng singojuruh eman
kawitan buru ketemu
kembang kertas acum warnane
kledak kleduk ngokor lorong
nyonggo roso atine bingung

kang mekar sore wes ilang yoro
kesapu angin dalanan
kembang kertas kari duh eman
kadung wes mulo pastine
sun lan riko nono jodone

kembang-kembang kertas njaluk tulung sampekeno
isun gagas welas nyonggo roso
sepurane sepurane salah lan lupute
kembang-kembang kertas njaluk tulung gadukeno
welas batinisun yo mung riko
kembang kertas sun titipno awak kulo

ISUN LAMAREN

isun lamaren yo kakang bangur bakalan
makne seng sungkan yo kakang melaku baren
mergane riko yo kakang gampang coparan
isun di sopo lare liyo riko pringutan

isun wes seneng lan riko ugo wes seneng
ngenteni paran kesuwen dadi pikiran
timbang sisiran isun yo repot alasan
pamit wong tuwek uwele yo entek ngamek

Thursday, March 3, 2011

BALEKNO

sepisan pindo sun sepuro
atinisun keroso-roso
cukup sak mene welas isun
mumpung durung kadung

gedigi rasane atinisun
riko gawe loro bingung
apuwo riko kok seng rumongso
riko ngagandeng liyo kok tego

balekno maning balekno
nong emak bapak isun
hing kuwat nyoggo
keronto-ronto rasane sesek nong dodo

wes rong ulan sun rasakaken ulah riko
isung angger dino metenggengen mikir riko

BANGUR WURUNG

ilingo mageh buru kenalan
isun ngomong terang-terangan
dung isun wes duwe bakalan
tapi rikone kang ngajak kawinan

kebimbang isun katut omongan
wani ninggal hang wes karuan
ngaboti riko hang sun sayang
mergo welase jare temenan

apuwo riko saiki bimbang
katek ngapus hang sing karuan
kok tego gawe jalaran
isun rumongso riko kliwatan

eleko isun nduweni iman
mageh wutuh mageh perawan
banguro yo wurung kawinan
timbang di gawe loro omongan

ANGEN-ANGEN

hang isun angen mung rupane
hang isun angen mandaneo ono reng kene
hang isun angen mung tekane
hang isun angen ono dalan ketemune
keloronan bebarengan sun lan riko sesandingan

sun arep-arepaken tekan riko raino lan bengi
koyo panas ngerandu udan mesti hang biso ngademi
sun impekno kahuripan hang agung indah nggowo senenge
sun lan riko lungguh kuwade
gandane kembang hang dadi saksine

kepengen ati nyawang riko
kepengen ati selawase dampingono
kepengen ati yo rasane
kepengen ati nyawang riko selawase
keloronan bebarengan sun lan riko sesandingan

MAJU MUNDUR

seng ngiro isun yo seng ngiro
pungkasane isun demen riko
masiyo iyo wes isun lalekaken
atinisun seng keneng di begal

seng nyongko isun yo seng nyongko
kadung riko pisan demen isun
masiyo riko yo wes weruh lan jelas
kadung isun wes duwe gandengan

mulo abot sanggane kadung arep ketemu
mergo wedi nong hang siji
kadung kangen temenan mung biso telepon
kirim lagu lewat radio

arep mundur nanggung arep maju gantung
pikir bolak balik seng ketemu
biso biso isun bingung seng karuan
ngalor ngidul salah kesasar-sasar

ya duh gusti wenono dalan hang padhang

BANTALAN SEPI

semendal rasane ati
enget riko seng biso lali
dunyo katone sepi
seng ono demen kabeh koyo mati

seng eleng waktu bengene
janji welas orep dadi siji
wis kadung isun belani
kari-kari riko ngeloro ati

senengene ati riko
nyanding bareng ambi lare liyo
sun eleng sun reng kene
orep dewekan rasane sepi