Saturday, March 12, 2011

MUNGGAH ALEM

Riko seng wangi maning
seng koyo kembang hang semebyar
saikine langu gandane
mergane riko ilang sarine
mulo riko munggah alem
koyo koyo brai sak dunyo
keronto riko keronto
sun tinggal katon suloyo

isun seng arep maning
metik kembang hang durung mekar
alum njerone tapi koyo apik sawangane

jodoh memang teko hang kuoso
pasti ono lan sun percoyo

Tuesday, March 8, 2011

KELIWAT KANGEN

kangen siro sun gantung nong padhange ulan
kangen siro sun gantung nong akehe lintang
timbang neng ati dadi pikiran
banguro nong duwuran
nawi biso memengan

kangen sun uncalaken nong tengah segoro
ambi deleng-deleng kembange ati
nawi ono reng kono
kadung kecaruk tulung warahen
kok isun mageh demen
mageh ngangen-ngangen

nong tratapane lawang iki sun ngenteni
anane sun ngenteni riko
bengen tau janji seng arep nyulayani
wirange ati angel uliye isun nutupi

TOMBO KANGENE ATI

wayah gage gancang petukaken
agek2 isun wes seng tahan
mendem roso hang aran kangen
kangen-kangen isun keliwat kangen

koyo dene ombak segoro
hang seng gelem menengaken
semono ugo yo atinisun
semono ugo yo atinisun

masiyo tah mung sedelo
riko sambang isun wes lego
paribasane mung sak klerepan
keneng sunduk tombo kangene ati
tombo kangene ati

Friday, March 4, 2011

KEMBANG KERTAS

mekare reng singojuruh eman
kawitan buru ketemu
kembang kertas acum warnane
kledak kleduk ngokor lorong
nyonggo roso atine bingung

kang mekar sore wes ilang yoro
kesapu angin dalanan
kembang kertas kari duh eman
kadung wes mulo pastine
sun lan riko nono jodone

kembang-kembang kertas njaluk tulung sampekeno
isun gagas welas nyonggo roso
sepurane sepurane salah lan lupute
kembang-kembang kertas njaluk tulung gadukeno
welas batinisun yo mung riko
kembang kertas sun titipno awak kulo

ISUN LAMAREN

isun lamaren yo kakang bangur bakalan
makne seng sungkan yo kakang melaku baren
mergane riko yo kakang gampang coparan
isun di sopo lare liyo riko pringutan

isun wes seneng lan riko ugo wes seneng
ngenteni paran kesuwen dadi pikiran
timbang sisiran isun yo repot alasan
pamit wong tuwek uwele yo entek ngamek

Thursday, March 3, 2011

BALEKNO

sepisan pindo sun sepuro
atinisun keroso-roso
cukup sak mene welas isun
mumpung durung kadung

gedigi rasane atinisun
riko gawe loro bingung
apuwo riko kok seng rumongso
riko ngagandeng liyo kok tego

balekno maning balekno
nong emak bapak isun
hing kuwat nyoggo
keronto-ronto rasane sesek nong dodo

wes rong ulan sun rasakaken ulah riko
isung angger dino metenggengen mikir riko

BANGUR WURUNG

ilingo mageh buru kenalan
isun ngomong terang-terangan
dung isun wes duwe bakalan
tapi rikone kang ngajak kawinan

kebimbang isun katut omongan
wani ninggal hang wes karuan
ngaboti riko hang sun sayang
mergo welase jare temenan

apuwo riko saiki bimbang
katek ngapus hang sing karuan
kok tego gawe jalaran
isun rumongso riko kliwatan

eleko isun nduweni iman
mageh wutuh mageh perawan
banguro yo wurung kawinan
timbang di gawe loro omongan